Polly po-cket

NYUWUN KEBAIKAN

Aduh Gusti kula nyuwun Panjenengan mugi maringi ngapunten lan hidayah dumateng tiyang sepuh kalih
Pemimpin, rakyat kang sugih, mlarat, pedagang, petani
lan sedaya tiyang Islam ingkang jaler sareng istri

Mugi Panjenengan maringi dateng kula lan jamaah
Iman lan Taqwa sareng saged ngelampahi ibadah
lan nyuwun ilmu kang manfaat lan rizki ingkang barokah
nyuwun kluarga lan anak putu ingkang solih lan solihah

Mugi Gusti paring taufiq dumateng sedanten tiyang
para pemimpin, rakyat, petani atanapi pedagang
sinten mawon kang pireng adzan supados purun sembahyang

Aduh Gusti paringana pitulung lan hidayah
dateng kula lan keluarga lan saben muslim- muslimah
lan dateng para santri Baiturrohim sareng jamaah
supados kita saged ibadah kanti istiqomah

Duh Gusti bimbinglah kita supados rajin sembahyang
senajan siweg repot ngurusi pangan lan sandang
sadaraken kita supados tetep sembahyang
sampe nyawanipun badan kita sedaya niku ilang

Ket: lagu "sholawat Nariyah"

Karya: Irfanunnada Asysyamadiy

Halaman awal dilaga